R
|
SIJI
ita pancen bocah kembang desa sing ayu tenan. Pantes yen dheweke dadi inceran para
priya-priya sing bagus gedhe gagah
dhuwur. Parase sing lancap putih mulus ora ana titik alane, rambute sing lurus,
dawa, ireng kaya areng. Saka raga, Rita pancen adhiku sing ora nduweni cacat,
ibarat manungsa Rita pancen kaya widadari ing donya. Nadyan raga Rita sing kaya
widodari tanpa ala awit cilik rita nduweni cita-cita yen dheweke kudu bisa
sukses lan mikul dhuwur drajate marang wong tuwa. Pantes yen dheweke nganti lulus SMA durung bisa
sesrawungan ngalor ngidul karo bocah lanang sing lumrahe kaya kanca-kancane sak
umurane. Rita pancen bocah ayu, lugu,
sregep, pinter, lan bekti marang wong tua. Wis pantes yen dheweke dadi inceran
lan disenengi marang kanca-kanca, semana uga ana sing iri marang sampurnane
raga lan tumindhake sing ora ana alane.
Saiki
rita uwis gedhe lan uwis nglinggehi bangku SMA. Nalika bali sekolah rita mlaku
saben dinane, nanging sajake dina kuwi lagi mendhung lan peteng banget. Deweke
ketemu kancane sing jenenge nanang, nalika nanang nawani rita bali bareng ,
rita ora gelem lan milih mlaku sing jarake 2 kilo karo sekolahane. Nadyan adoh lan kesel nanging
rita seneng amarga rita pengin ngrasakake rekasane wong sing bener-bener pengin
golek ngelmu sak dhuwur-dhuwure tanpa nduweni apa-apa, lan pengin buktikake
karo wong lan kanca-kanca sing wis ngrasa wegah lan ora nduweni semanget
nggolek ngelmu merga kahanan wong tuwa sing pas-pasan, nadyan mangkana rita
saka kluwarga sing mampu lan kepenak amarga wong tuwane dheweke PNS ( Pegawai
Negeri Sipil ) ning Kabupaten lan dikhormati warga amerga seksi agama ing
kampunge. nadyan mangkana dheweke ora ndhuweni rasa sombong marang liyane lan
ora nduweni rasa wah utawa semugih marang donya lan kahanan wong tuwa.
Ing
dina mendhung kuwi nalika rita bali sekolah sing wis tekan setengah dalan saka
sekolahan nganti omah lan ora gelem di boncengake nanang tekan omah. Banjur
udane malah teka nganti deres banget. Nalika rita weruh gardu rita banjur mlayu
tumuju gardu nganti menggih-menggih supaya klambi lan bukune ora teles kena
udan sing deres banget. Nanging, siyalle rita kepethuk bocah telu lanang sing
bali kerja saka pabrik lan melu ngiyup ning gardu sing dheweke panggoni. Salah
siji bocah ana sing ngajak kenalan lan jawil-jawil tangane rita nanging dheweke
meneng wae lan nyeplek tangan bocah lanang kuwi, nadyan mangkana rita dhuweni
wedi nganti jantunge deg-degan lan ngewel. Nalika udane riwis-riwis dheweke
milih nerusake baline nganti mlayu kanthi ngos-ngosan tinimbang ngenteni udan mandhek, merga dheweke digodha marang
bocah lanang telu mau.
Nalika dheweke tekan omah kanti ati deg-degan lan
ambegane ngos-ngosan uga klambi lan buku teles kebes. Dheweke milih kaya
mangkana tinimbang dheweke dibonceng karo kancane lanang mau merga dheweke ora
tau dibonceng bocang lanang kejaba karo bapake dhewe.
Banjur bapak lan ibune ngendika “nduk sesok
motore digowo sekolah wae tinimbang kowe mlaku lan kudanan kaya ngene, bapak
lan ibu ora gelem yen awakmu mengko kesel apa maneh nganti lara”
Rita uga
mangsuli ngendhikane bapak lan ibu “ boten pak, buk, kula mlampah kemawon amargi kula langkung
remen mlampah tinimbang mbeto montor, langkung-langkung mlampah ugi dadosaken
sehat lan boten manjakaken kula, ugi saget dadosaken kula semanget anggenipun
nglampahi pados ngelmu lan mujudaken cita-cita kula”.
“Nanging bapak lan ibu ora tega yen awakmu kesel
apa maneh nganti kelaran lara, durung maneh awakmu isih ngiwangi ibu ning gaweyan
omah, ibu tresna lan ngeman awakmu merga cita-citamu isih dhuwur kaya lintang
sing sumlebak cahyane”, ngendhikane ibu.
“Inggih bu, matur nuwun Anggenipun ngatresnani kula punika dadosaken greget lan
semanget kula kanti sumeblak ing manah”, ujare Rita.
“Yowes nduk ibu namung bisa ndongakake marang Gusti
supaya cita-cita lan kekarepanmu bisa
kalaksanan uga mulya donya lan akhirat, ngendhikane ibu.
Rita uga
nyauri “ inggih Bu matur nuwun”.
Banjur
dheweke mlaku menyang buri adus lan ngumbahi pakeane sing teles kebes amerga
kudanan. Kanti kalem dheweke ngucek lan nyikati seragam sing warnane putih lan
abu- abu. Sakwise ngumbahi seragam dheweke jikuk tas lan jikuki apa kabeh sing ana
ning jero isi tas kuwi, dheweke uga ngeler buku sing teles amarga kudanan kuwi
mau. Kanti alus dheweke ngulapi buku sing isine ngelmu-ngelmu lan bakal
dadhekake mulya uripe. Tanpa duweni rasa kesel dheweke ikhlas nglakoni apa sing
dadi kekarepane utawa cita-citane sing uwis tumancep ana ning ati saka cilik.
Banjur dheweke mlebu kamar jikuk buku basa jawa sing kajadwal dina ngesuk,
nadyan dheweke kesel banget nanging ora nglumpuhake semangate awit cilik sing
wis sumebyar ning jero ati.
Kring…kring...kring…suara
HP sing muni saka dhuwur ambene sing lagi dicas, jebul sing nelfon kancane sing
jenenge nanang..
Nanang “
assalamualaikum rita “
Rita “ waalaikum salam, ana apa nang ?”
Nanang “ wes tekan omah durung rit? Sajake aku
ora tenang yen durung reti kabarmu, merga mau udan deres lan awakmu uga ora
gelem tak bonceng bali menyang omah”.
Rita “oowwhh.. iya nang, aku wis tekan omah kanti
slamet, iya pancen aku mau kudanan, nanging yowes ora apa-apa, aku uga ora
gelem ngrepotke awakmu kok nang“.
Nanang “alah rit-rit kaya karo sapa wae, aku uga
seneng yen isa bantu awakmu, yen awakmu kaya mau aku malah kepikiran yen awakmu
kenapa-napa, apa maneh mau udane deres banget lan awakmu mlaku dewean ora ana
kancane”
Rita “matur nuwun ya nang, merga awakmu uwis
peduli karo aku, aku uga luwih seneng mlaku tinimbang numpak motor”.
Nanang “ aku bakal peduli trus karo awakmu, merga
aku ora kepingim awakmu kenapa-napa, nadyan aku ora apa-apamu nanging aku
ngrasa kudu nglindungi awakmu rit”.
Rita “ yowes yen awakmu peduli karo aku, aku
namung bisa ngucapake maturnuwun nang, merga awakmu uwis apik banget karo aku.
Kowe pancen sahabatku sing paling the best pokoke”.
Nanang “ (meneng,mlenggong lan sedheh merga
namung dianggep sahabat ) i..iya rit, saiki awakmu lagi lapo?
Rita “ki lagi sinau aksara jawa nang”
Nanang “ wahh, sregep tenan awakmu rit, aku kok
ora bisa ya kaya awakmu, kamangka awakmu wis kesel mlaku adoh, kudanan sisan
kok isih sregep sinau, aku wae sing ora mlaku, ora kudanan males buka buku apa
maneh sinau kaya awakmu rit “
Rita “jane yen awakmu ngilangi malesmu yo bakal
isa kaya aku, kabeh kuwi kari bocahe kok nang, jajal toh yen awakmu biasake
buka buku, maca- maca mesti awakmu bakal isa sregep sinau, luwih-luwih awakmu
malah isa ngluwihi aku sregepe“
Nanang “yen masalah sregepe ngluwihi awakmu
kayake ora bakal isa rit, merga kanca-kancane dhewe ora ana sing isa kaya
awakmu.
Rita “alah nang awakmu
ora usah muji aku nganti kaya ngana, mundhak mumbul dhuwur aku mengko ( karo
guyu )
Nanang “ hehehe… tenan kok rit, ora
ana sing bisa nandingi awakmu”
Rita “yen ngana awakmu wae sing
latihan nandingi aku, ayo nang semangat ngejar kekarepan awake dhewe, ayo nang
semangat aja nganti gagal cita-citane dhewe.
Nanang “iya rit aku bakal latihan
sregep kaya awakmu”
Rita ”siip nak
kaya ngana kuwi, yowes ya nang aku tak nerusake sinauku maneh”
Nanang “iya rit,
sesok aku warahi ya, merga aku ora mudeng aksara jawa”
Rita ”oke sip,
gampang nang”
Nanang “yowes yen
ngana rit, assalamualiakum”
Rita
“waalaikumsalam”
Banjur dheweke
nerusake sinaune akasara jawa, krucuk..krucuk..krucuk.. suara ing jero
wetenge, dheweke lali lan ora sadar yen
durung mangan nganti sore merga aktifitase sing akeh. Banjur dheweke metu kamar
lan mlaku tumuju pawon ngeti iwak nila goreng, tempe goreng lan sambel raden
sing uwis mateng merga dimasak ibuke, kanti alus nyentong sego sing ing jero
magicom di dokoke ing jero piring kanti suara “thing” centhong sing natap
piring, iwak nila, tempe lan sambel uga dilebokake ing jero piring, kanti alus.
srek…srek…srek mlaku tumuju ngarep TV lan miyet remot sing warnane biru,
byar…TV urip bening kaya atine…sak sendhok, sak sendhok dheweke mangap mangan
nganggo rasa syukur dhateng Gusti ingkang sampun maringi nikmat tanpa ana sisa
ing piringe.
“Dhek… gemborane
ibu marang rita, lho.. yahmene kok lagi mangan, wet mau durung mangan to dhek,
aja kaya ngana kesehatanmu iki ya perlu dijaga, ibu seneng yen kowe sregep
pinter nanging ibu emoh yen awakmu mengko lara merga ora gelem jaga
kesehatanmu”
“inggih bu niki
adhek sampun nedha, ibu botensah khawatir adhek saget jaga kesehatane adhek”
“yowes istirahat
wae, mau wes bar udan-udanan, saiki istirahat wae turu ora usah ngiwangi ibu
ndisik, merga mau ibu ya uwes turu saiki gantian awakmu”
“Inggih
bu”
Plak..plak tapake rita mlaku tumuju kamar,
glangsuran ing dhuwur kasur sumilir angin saka jendela anggawe mripate rita
sayup-sayup, kesele awakke gawe mripat merem angler.
Nalika Jarum jam wes pas tumancep ing angka papat nanging ibu ora tega
gugah rita adus lan sholat merga rita lagi wae turu ing tabuh telu. Nanging
nalika jam papat punjul limalas menit rita tangi dhewe merga rita iling shalat
ashar merga deweke durung sholat ashar, rita pancen bocah sing ora tau
ninggalake sholat limang wektu merga dhidhikane wong tuwane awit cilik sing
nglajari agama kanthi cetha.
Tabuh pitu sakwise shalat isyak nanang wis ning
ngarep omahe rita
“thok thok, assalamualaikum”
“waalikumsalam”,ibune rita nyauri
“rita wonten buk?” salaman karo ngambung tangan
ibune rita
“ana,mlebu nang tak undangke rita ndisik”
“inggih buk matur nuwun”
Banjur ibune mlebu golekki rita ning jero kamar,
“dhek kae ana kancamu”
“ sinten bu?” , kae to metu ditileki dhewe,
ketoke ya nanang”
“Inggih bu” semaure rita karo ibune, banjur rita
metu saka kamar tumuju ruang tamu lan dhuweni rasa penasaran merga nanang dolan
ana tujuan apa, merga dheweke wis suwe ora tau dolan maneh sakwise bapake
sedha.
“Assalamualaikum”
“waalaikumsalam
“sumaure nanang
“Ana apa ya nang kok tumben gelem dolan maneh,(
karo mesem)”
“Iya rit, wes kangen suwe ora tau mrene maneh,
merga aku kudu ngancani ibuku lan ngibur ibuku ben ora sedheh maneh rit, apa
maneh ibu wes ora ndhuweni sapa-sapa sakliyane aku, lha intuk pora dolan?(guyu)
“
“(mesem) iya nang aku ngerti, aku ya mung guyon
kok, iya intuklah nang mosok namung dolan wae aku isih ora ngintuki. Lha piye
kahanane ibu? Uwes ora sedih maneh to?”
“Alhamdulillah rit ibu uwis rodok mendingan, uwis
ora kaya ndisik maneh sing saben dinane nangis terus, aku nganti ora tega rit”
“sing sabar ya nang, uwis ora gumun maneh yen
ibumu kuwi sedhih nganti kaya mangkono merga bapakmu kuwi tiyang sing sae, akih
guyone wajar yen ibumu isih durung bisa lali karo sedhihe ,sing penting awakmu
kudu isa gawe ibumu seneng, gawe bapak lan ibumu bangga, tunjukake yen kowe
kuwi isa jaga ibukmu lan gawe bapakmu bangga nang, aja lali donga kanggo bapak
sakwise shalat.”
“iya rit, matur nuwun ya rit, pancen kowe sing bisa
gawe atiku adem, ayem rit, aku bakal nunjukake yen aku bisa dadi anak sing bisa
banggakake wong tuwa.”
“ siip, lha.. kaya ngono tho…. Aja sedhih maneh,
akukan melu seneng yen sahabatku iki ora susah maneh sing penting awakmu
semangat sekolah, semangat sinau. Oke! “
“oke rita, oh iya rit, ibuku sering nakoke awakmu
lho”
“lha kok isa nang, lha kenapa?
“ sanjange rita kok wis ora tau ketok, uwis ora
tau dolan maneh, apa tukaran karo kowe” ngono sanjange.
“owalah ibumu kangen karo aku kuwi( guyu)”
“mikirku paling ya ngono rit (mesem), mula awakmu
dolan ning omah tho, wis suwi ora tau dolan ning omah maneh kok”
“iyowes sesuk aku dolan wes…”
“tenan apa ora kuwi rit? “
“tenan tho, emange rita tau ngapusi yo
nang(guyu)”
“yen ngono sesuk bali sekolah baline bareng wae
rit, kan isa langsung dolan ning omahku, mesti ibuku yen ngerti awakmu arep
dolan dheweke bakal seneng banget”
“muga-muga ya nang, kanti tekaku mengko ibu wis
ora sedhih maneh, nanging awakmu aja ngomong yen aku sesok bakal dolan ning
omahmu nang”
“oh ngnono toh rit, yowes aku ora ngomong karo
ibuku”
Dhek…dhek…
lho piye tho kok nanang ora digawekke ngombe lho.. iki wis digawekke ibu kari
betha menjaba” gembore ibune rita“
“ya Allah, inggih bu, rita supe”
Banjur
rita mlebu ing pawon jikuk nampan lan dokokake ngombe teh anget ning dhuwur
nampan sing uwis digawekake ibuke rita ning pawon, banjur mlaku tumuju kulkas
sing isine semangka kuning sing wis sigaran atis ning jero kulkas.
“iki
nang di ombe, sakanane ya..”
“Iya
rit, rak usah repot-repot”
“ora
repot kok nang, ora ndhuwe apa-apa namung banyu karo semangka”
“iki
uwis enak kok rit , aja lali ya rit sesok aku diwarai aksara jawa, mau kan wis
ngomong ning telpon”
“iya nang sesok tak warai basa jawa, nanging
awakmu uga sinau dhewe barang supaya tambah pinter”
“siap rita, uwis jam setengah sanga rit aku arep
mulih ndisik ya rit, mesake ibuku ora ana kancane “
“iya nang, ati-ati lho”
“iya rit, Assalamualaikum”
“Waalaikumsalam” jawabe rita.
Sakwise nanang bali rita krasa yen awake radha
semlemet merga saka kudanan awan mau, ora nganggo suwe rita nyeklekake kompor
gas sing ning njero pawon. Rita marut jahe sing lagi wae bar dikonceki, nanging
awakke sansaya panas banjur rita cepet-cepet njikuk pil sing wis cemepak ana ing lemari khusus
obat-obatan. Banjur dheweke ngombe pil uga karo ngombe jahe anget sing uwis
digawe awake dhewe nanging sing dirasakake rita malah sansaya mumet. Nadyan
mankana rita ora gelem matur ibuke yen dheweke lara merga rita ora gelem gawe
ibune bingung, rita pancen bocah sing ora manja marang wong tuwane, nadyan wong
tuwane wong sugih njaluk apa wae bisa keturutan lan sayang banget marang anakke
nanging dheweke bocah sing mandiri ora manja uga ora gelem nyusahake lan gawe
bingung marang wong tuwa.
Awak sing radha panas uga sirah sing lagi mumet
rita banjur mlebu kamar munggah amben sirahe sing semendhen ning tembok karo
tangane mijeti sirahe sing lagi mumet. Setegah jam sakwise kringete gembrobyos
kaya wong adus nanging panas lan mumet sing dirasakake rita ilang lan awakke
krasa seger lan sehat maneh. Kanti awak
sing wis ngrasa seger lan kepenak Saya suwe mripate saya sayup-sayup ngantuk
banjur dheweke nganggo soffel langsung turu kanti angkler merga wis mari
LARA
Tabuh 06.30 rita budhal sekolah diterke karo
bapakke sing bareng budhal mangkat kerja ning Kabupaten. Sakwise tekan
sekolahan, namung dheweke sing lagi pertama mlebu kelas merga kanca-kancane
padha durung teka. Nadyan rita ora piket dina iki dheweke nyapu lan ngresiki
jendelo-jendelo sing padha rusuh merga keno lem bekas kertas wara-wara lan
bledhuk-bledhuk saka sawang sing gawe jendela katon rusuh. Rita ora pernah
ngiri karo kanca-kancane malah kanca-kancane sing padha iri marang dheweke
merga dheweke pinter, ayu lan sregep.
“Assalamualaikum” ujare saras
“waalaikumsalam” wis teka toh ras?
“iya rit, awakmu gasik terus yen mangkat rit,
ketoke aku uwes gasiki kok, jebul awakmu luwih gasik”
“aku yo lagi wae tekan kok ras”
“lah iki buktine awakmu uwis nyapu, uwis
resik-resik, aku malah sing piket mangkate keri, lah saiki aku arep ngresiki
apa iki rit?”
“halah, tinimbang nganggur ras, mending tak gawe
nyapu, uwis toh… awakmu lungguh wae ora usah bingung ngono”
“iya rit, maturnuwun ya rita”
“iya ras padha-padha“
“rit, dina iki ora ana tugas toh?“
“ora ana ras” sumaure rita
“nak ngono mengko awakmu tak ajak jalan-jalan
kepiye rit? Gelem apa ora?”
“wah… enak kuwi ras, nanging aku mengko arep ning
perpus daerah kok ras, kapan-kapan maneh ya”
“iya ora apa-apa rit, awakmu ki pancen jos tenan
kok rit, ora tau gelem di ajak jalan-jalan , geleme namung diajak sinau wae,
awakmu apa ora bosen rit?”
“oralah ras, jenenge wong arep golek ngelmu ya
ora ana bosene ras, merga ngelmu kui ora bakal
ilang lan ora bakal ngrugikake awakke dhewe malah ngelmu bisa gawe
awakke dhewe mulya ras”
“wah, ngeneki yen bu ustadzah uwis ngendhikan”
“aja nganalah ras, mula ayo bareng-bareng
semangat golek ngelmu supaya uripe dhewe mulya”
“ siap bu ustadzah, aku mengko melu kowe ning
perpus daerah wae ya rit?”
“oke ras” sumaure rita
Nalika jarum jam wes nunjukake jam pitu pas Bu
Nur mlebu kelas karo nunjuk dedi kon makili dedonga sakdurunge piwulangan
diwiwiti. Sakrampunge dedonga banjur dwija sing isih enom, putih, dhuwur,
kudungan lan alus kuwi ngendhika yen minggu ngarep wis mulai ulangan tengah
semester mula para bocah didhawuhi sinau sing sregep supaya bijine padha
apik-apik lan ora nguciwani awakke dhewe, wong tuwa, uga dwijane sing uwis
ngulang. Bu Nur uga ngendhika “sapa wae sing bisa ngintukake nilai 100 bakal
takwenehi hadiah lan taktlaktir ning
kantin maem sakpuase”. Ngendhikane bu Nur kuwi nanging maringi tujuan kanggo
motivasi murid-muridte supaya padha semangat kanggo ngolek ngelmu lan semanget
sinau. Semono uga bocah- bocah padha berlomba-lomba kanggo mujudake cita-cita
lan kekarepane supaya sukses lan berhasil kanggo masa depane. Bu Nur pancen
dwija sing paling perhatian lan peduli karo murid-muridte, merga bu Nur dhuweni
latar belakang saka keluarga sing kurang mampu, dheweke bisa sukses merga
sregep sinau lan ora ndhuwe rasa males, ora gumun yen bu Nur intuk beasiswa
tekan kuliyah nganti S2 lan sukses nganti dadi dwija sing pinter kaya saiki.
Thet…thet…thet…suwara bel sing nunjukaken wayahe
jam istirahat. Bocah-bocah pada budal menyang kantin kanggo jajal lan ngisi
wetenge. Nanging bedha karo rita, dheweke uwis nyepakake mangan sing uwis
disiapake saka ngomah. Adhah mangan sing
werna pink kuwi bendina digawa rita ing sekolahan. Masakan sega goreng lan
endog sing diceplok bundher uwis dadi
kancane saben istirahat. Rita pancen bocah sing ora seneng jajan. Dheweke luwih
seneng nabung saka sangu sing dikei wong tuwane tinimbang digawe jajan sing ora
jelas resikke. Kanthi telap-telep lan ora nduwe bosen mangan sega goreng endog
ceplok saben esuk sing dimasakake ibune .
“Wah… enak iki rit” ujare saras
“Enak piye ras? Kene maem bareng aku”
“aku lagi bar maem kok rit, lagi wae saka kantin
maem soto”
“pantesan emoh tak tawani, biyasane ngenteki”
ujare rita sinambi gegojekan
“hehehe iya ya rit, marai wetengku uwis wareg,
jajal yen isih ngelih bakal tak entekke sego gorengmu, apa maneh sega goreng
gawean ibumu kuwi enak banget. Yen uwis njajal sego goreng sing mbok gawa kuwi
rasane ketagihan. Resepe apa ya rit kok isa enak banget kaya mangkono”.
“walah ras awakmu kuwi lho nak ngomong, padune
yen arep njaluk ya njaluk wae(guyu)”
“hehehe kowe kok ngertinan toh rit, pragmatikmu
sakjose rit”
“beehh,, malah ngono kowe iku ras, aku mengko
ndak mabur piye yen mbok bombong terus”
“lhooh kuwi tenan rit, oh ya..pitakonku mau tenan
lo rit, apa wae bumbune sega gorenge ibumu sing enak banget kuwi, yen menawa
mengko aku pengen jajal nggawekan bisa enak kaya kuwi”
“hmmmm, bumbune mung siji kok rit”
“apa kuwi ?”
“ikhlas”
“walah bu ustadzah kuwi loh yen ditakoni bumbu
malah jawabe ikhlas. Iki tenan lo rit, apa kuwi bumbune”
“iya kok, ibuku nggawe sega gorenge kanthi rasa
ikhlas, dadi rasane ya enak banget ras, jajalen toh yen awakmu nglakoni apa wae
kanthi ikhlas rasane bakal enak meski awakmu ora ngerti bumbune tapi awakmu
mangane nggawa rasa seneng”
“owh ngno toh rit, iya mengko bakal tak jajal
resepmu rit”
“oke, tenan yoo”
“Tenan”
Thet…thet…thet…suwara bel sing nunjukaken wayahe
jam masuk, rita lan saras gage-gage mlaku tumuju ing kursine dhewe-dhewe
sinambi nunggu Bu ririn kanggo ngulang Bahasa Indonesia. Dheweke nyiapake buku
Bahasa Indonesia lan diwoco sinambi nunggu gurune.
“assalamualiakum bocah-bocah”
“waalaikumsalam Bu”
“ayo nglanjutake pelajaran sing wingenane, bukune
dibukak lan diwoco”
“inggih bu”
Sakwise wis bar piwulangan, rita arep balik lan
nunggu angkot ning dalan, nanging ana wawan sing nawani rita kanggo ngajak bali
bareng merga baline padha sakarahe. Nadyan mangkono dasare wawan uga dhuwe rasa
seneng marang rita. Nanging Nanang uga
teko gawa motor lan mandheg ning ngarepe rita pada wae nawani balik bareng nanging
wawan ngojok-ngojoki rita ngakon bali bareng dheweke wae lan aja gelem bali
bareng nanang. Nanang uga ora trimo merga wawan ngomong kaya mangkono.
“maksudmu apa wan?”
“lhoh kok awakmu takok maksudku apa, jelas
maksudku yen rita kuwi supaya bali bareng aku wae, ora bali bareng awakmu,
ngerti ora?”
“ nanging omonganmu kuwi apa ora isa apik-apik,
omonganmu kuwi padha karo mojokake aku, karepmu op wan?”
“owh ngono, yen rumangsamu kaya mangkono yo maafe
wae nang. Kog isih takok karepku apa, jane awakmu mudheng ora karepku iki ap?,
yen ora mudheng berarti awakmu iku dudu bocah SMA nanging bocah SLB.”
“omonganmu kuwi iso mbok jaga apa ora?, omonganmu
kaya watu diobong wan”
“watu diobong? Berarti panas dong.hahaha (ngguyu
nganti cekakakan)”
“Asem kowe wan, dijak omong apik-apik malah
nggapah wong”
“lha piye nang? Arep ngajak apa awakmu? Nganjak
gelut po?”
“aku ora ngajak gelut awakmu wan, nanging
cangkemu kuwi ora bisa hormati wong liyo, yen awakmu isa dijak omong apik-apik
aku ora bakal nesu-nesu karo awakmu”
“saiki nggene wae, njalukmu kuwi apa, yen awakmu
ora trimo ayo gelut saiki ning lapangan”
“oke, aku ora wedi karo awakmu, awakmu sing marai
ndisik, yen pancen awakmu njaluk kasar, ayo tak turuti”.
Nanging rita nesu nyengeni nanang lan wawan “wan,
awakmu kuwi uwis ora bocah cilik maneh sing saben perkara isa dibarke karo
fisik, gelut, yen nanang takok karo awakmu apik-apik kenapa awakmu uga ora bisa
mangsuli pitakone nanang kanthi apik, omonganmu iku mbok ya dijaga, nanang uga
lak ya kancane dhewe, kenapa malah mbok jak gelut. Kowe nang, yen wawan nesu
kudune awakmu lak ya ngademke atine wawan, lakok malah awakmu kuwi
nambah-nambahi nesune wawan.
“nanging rit aku ndisik mau sing nawani awakmu
bali bareng karo aku, nanging kenapa nanang uga melu-melu nawani awakmu bali
bareng” ujare wawan.
“apa salahe yen aku nrimo tantangane wawan rit,
yen dheweke bisa ngece lan nggampangke aku, apa aku kudu ngalah wae rit, dheweke
ora bisa dijak omong apik-apik, awakmu mau rak ya ngerti, yen pitakonku karo wawan
iku apik-apik lan ora kasar, nanging kenapa wangsulane wawan elek kaya
mangkono, yen dheweke bisa ngormati wong liya, aku uga bisa ngurmati dheweke.
Terus apa salahe yen aku uga nawani rita bali bareng, omahku karo rita uga
cerak”
“ nanging yen awakmu bisa ngerti aku uga ora
bakal nantang kowe nang, aku mau lak ya weruh rita dhewekan nunggoni angkot,
apa salahe yen aku uga nawani rita bali bareng, nanging kenapa awakmu iku
teko-teko malah gawe mangkel”
“aku ora gawe mangkel, jatah awakmu wae sing
mngkelan”
“La terus saiki jalukmu apa nang”
“aku ora njaluk apa-apa, aku mung njaluk awakmu
ngurmati wong liya yen awakmu uga pengen dihurmati”
“apa lak ya aku mau ora bisa ngurmati awakmu
nang?”
“mosok awakmu ora sadar omonganmu mau kaya
kepiye”
“mula aku takok awakmu”
“yen awakmu takok kepiye omonganmu wan, omonganmu
kuwi kaya watu diobong, atos tur panas”
“jatah awakmu wae nang sing nganggep omonganku
kaluwihan”
“yen kowe dadi wong liya bakal ngrasake omonganmu
kuwi kaya kepiye”
“lha terus ngapa? Kok awakmu isih kaya ora trima
karo omonganku”
“aku kok ora ngerti maksudmu sing sajake
nantang-nantang aku trus wan”
“saiki ayo kene yen awakmu ora bocah banci kakean
cangkem”
“ayo, aku yo ora wedi karo kowe wan”
“Uwis-uwis ora usah padha tukaran,aku wegah
krungu kowe-kowe kuwi padha geger mung gara-gara arep ngeterke aku balik omah,
saiki ora usah padha tukaran, aku pengen awakmu kabeh kuwi padha urip bebrayan
kanthi apik, awakmu kabeh kuwi rak ya kanca apik, sahabat sing biyasane kompak.
Nanging kenapa kok gara-gara masalah sepele apa maneh Cuma gara-gara arp
ngeterke aku bali, aku ora balik bareng kowe nang, apa maneh balik bareng karo
awakmu wan, sing ora bisa ngebarke masalah kanthi apik. Iki angkote uwis tekan,
aku balik ndisik ya, aja padha tukaran.
Wawan lan nanang ” iya rit, ati-ati ya rit”
“iya”
Akhire wawan lan nanang padha sadar, kanthi rasa
gela dheweke padha salaman lan jaluk ngapura.
J
|
TELU
am 06.30
esuk Rita budhal sekolah bareng bapakke sing arep menyang kantor. Jam
06.45 dheweke Tekan sekolahan, ing ngarep gerbang ana sing celuk-celuk
ngundhang jenenge, rit…rit… nalika Rita mlenguk jebule sing ngundhang dhewe
yaiku Nanang, banjur dheweke lan nanang mlaku tumuju ing kelas.
“Cie..cie..cie..” celukuke saras marang rita lan
nanang
“ cie kenapa lho ras” ujare Rita (Nanging nanang
mung nanggepi kanthi mesem )
“kuwi lho sing lagi mangkat bareng, kok sajake
atine padha bungah, apa maneh nanang, mesthi rak ya rasane kaya lagi mabur ing
ndhuwur awan merga mangkat bareng karo widhadhari”
“kowe ngomong apa toh ras, la wong aku mau
kepethuk nanang ning gerbang kok, trus mlaku bareng tumuju kelas, iya rak
nang?(pitakone rita marang nanang)”
“iya rit, wong aku lan kowe mau rak ya mung
kepethuk ning ngarep gerbang”
“tapikan sosweettt (ujare saras)”
“ sosweete kuwi ki ning ngendhi ras?”
“ mlaku barenge kuwi toh rit, nanangkan seneng
banget yen kaya mangkono”
“kowe omong apa ras, yen mlaku bareng marang
kncane kuwi rak ya mesthi seneng toh ras”
“tapi senengmu kuwi rasane bedha lo nang, aku
ngerti….. iya ta..?”
“bedha kaya kepiye”
“bedha marang wong lanang karo wong wadon”
Ya mesthi bedha, wong aku kuwi lanang lan rita
kuwi wadon, ya jelas bedha toh ras”
“pancen kowe iku pinter ngeles kok nang”
“ngeles piye, pancen kaya mangkono kok”
“uwis-uwis kowe kuwi padha ngomong apa, iki lo wes
arep masuk, ayo padha maca buku ndisik tinimbang padu”
“ngene iki lo yen bu ustadzahe uwis ngendhikan”
“dari pada awakmu padha padu mending padha sinau
toh”
“siap buk (ujare nanang lan rita)”
Thet…thet…thet… jarum jam wis nunjukake ning pitu
pas tandhane suwara bel masuk uwis krungu ana ing kuping, Bu Ani wali kelas
mlebu kelas lan maringi wara-wara kanggo bocah-bocah yen sedelok kas Ujian
Nasional bakal diadhepi marang kanca-kanca sing kelas sanga (9), mula
bocah-bocah kudu luwih sregep sinau supaya lulus lan intuk biji sing apik
supaya ora kuciwa anggone sekolah telung taun. Bu Ani ngendhika yen try out(
latian ujian) kanggo kelas telu diadakake minggu ngarep. Ayo bocah-bocah, padha
sinau sing sregep, mulai sesok ana tambahan jam kanggo nyinauni lan latian soal
sing bakal diujiake ing Ujian Nasional. Mula aja padha keset ya cah, ayo
bareng-bareng padha kompak sinau, sing pinter ya aja pelit kanggo marahi
kancane, bagi-bagi ngelmune karo kancane sing ora isa apa sing durung paham
karo materi-materi sing uwis diulangake,
yen sing durung mudheng ayo padha seneng takok karo Bu guru, yen wedi
karo Gurune ya takok kancane sing luwih bisa, aja padha gengsi, aja padha
wegahan, malesan. Sing malesan diilangi ben ora kuciwa temu mburi.
Sakwise Bu Ani ngendhika kaya ngono mau
bocah-bocah padha kebuka atine yen kabeh bocah-bocah kudu sinau sregep supayane
padha lulus bareng lan ora ana sing kuciwa.
“yen ngono ayo kanca-kanca ngadhakake belajar
kelompok( ujare nanang)”
“Iya nang, ayo kabeh kanca-kanca padha kompak, sinau
bareng, sing durung bisa takok marang sing uwis bisa, aja padha isin-isinan,
ujare rita”
“siap, ayo semangat kawan (ujare kanca-kanca
kelas)
Sakwise jam sekolah rampung, bocah-bocah padha
arep sinau bareng, nanging kanca-kanca kabeh durung ngerti arep sinau bareng
ing omahe sapa, merga kanca-kanca kabeh padha ora gelem ning omahe dhewe-dhewe.
“aja padha bingung, ayo padha sinau ning omahku
wae, wong tuwaku mesthi seneng yen kanca-kanca padha sinau bareng (ujare rita)”
“ayo, yen ngono budhal sakiki wae ben ora
ngentekake wektu(ujare saras)”
Banjur bocah-bocah padha numpak motor tumuju
omahe rita, lan rita diboncengke karo saras menyang omahe. Sakwise rita lan
kanca-kanca tekan omahe rita, ibuke kaget merga kanca-kancane rita akih banget
sing teka, banjur ibuke takok marang nanang.
“lo ana apa nang? Ritane ana ing ngendhi, dheweke
durung bali ning omah”
“inggih buk, rita taksih wonten wingking, tiyange
boncengan kaliyan saras, kula lan kanca-kanca wonten mriki badhe sinau
kelompok, amargi ajeng Ujian Nasional lan minggu ngajeng punika sampun
dianakaken Try Out”
“owh ngono, ya apik kuwi, yen bocah-bocahe bisa
kompak kaya ngene”
“inggih buk”
“ayo padha mlebu, tak pundhutke klasa ya, merga
kursine ora nyukupi kanggo wong akih”
“inggih bu, maturnuwun sanget”
“nyoh iki klasane padha digelar, ibu tak ning
mburi sedelok gawekake ngombe”
“inggih bu, boten usah repot-repot bu, kula lan
kanca-kanca sampun angsal sinau wonten mriki kemawon sampun seneng sanget”
“ora apa-apa nang, namung banyu wae kok, kosek
ya”
“inggih bu”
Suwara motor sing saka adoh uwis cerak, jebul
sing teka rita lan saras, dheweke teka keri merga mampir numbaske jajan
gorengan kanggo kanca-kanca.
“nanang takon, kok suwi banget banget ana apa
ras?”
“iki tumbas jajan kanggo kanca-kanca”
“lakok malah ngrepoti awakmu rit?
“ ora ngrepoti nang, aku ya ngerti kanca-kanca
rak ya padha ngelih toh?, nanging iki anane mung gorengan tok ara ana liyane
nang”
“gorengan wae uwis enak banget kok ras, kuwi wae
uwis maturnuwun”
“kosek ya aku tak mlebu ndisik, kanca-kanca kabeh
padha sinau ndisik ora apa-apa kok, aku arep salin ndisik”
“iya rit”
Rita mlebu kamar banjur salin klambi lan celana
olah raga lan isih ora lali nganggo jilbabe maneh. Nalika rita salin dheweke
krungu ibuke mundhut es batu ing kulkas lan suwara keprukan es batu, banjur
rita mlaku tumuju dapur, jebule ibuke rita sing lagi gawe es kanggo
kanca-kancane.
“ibu damel es kangge sinten?”
“ ya kanggo kanca-kancamu kuwi.”
“ kersane kula mawon buk ingkang damel, kok malah
ibuk sing damelaken es kangge rencang-rencang kula.”
“rak ya padha wae toh rit, ibuk ya nganggur kok,
ora ana gaweyan”
“inggih buk, nangingkan ya saru minangka punika
rencange kulak kok malah ibuk ingkang damelaken es kangge encang-rencang,
nyuwun ngapunten nggih buk, mriki kersane kula kemawon ingkang nerasaken.”
“iki uwes bar kok rit, uwis toh, kowe kuwi gawa
apa?”
“ owh, niki namung gorengan kangge
rencang-rencang buk, mesakake yen rencang-rencang punika nggih sampun luwe”
“iya uwis yen awakmu uwis numbasake jajan kanggo
kanca-kancamu. Awakmu ya ora gelem ngomong kok, yen kanca-kancamu bakal padha
mrene sinau, yen awakmu uwis ngomong karo ibuk rak ya mau ibuk masak sing
akih.”
“kula inggih boten ngertos wau buk yen wonten
acara sinau kelompok.”
“la kok isa kaya mangkono?”
“inggih buk, wau wali kelas kula ngendhikan yen
ajeng Ujian Nasional lajeng minggu ngajeng ugi sampun wonten Try Out, banjur
kanca-kanca punika sampun rerembukan yen wangsul sekolah mangkih dilajengaken
sinau kelompok, ngaten buk.”
“owalah… yen kaya mangkono ya pancen ora ana
persiapan.”
“inggih Bu”
“yowes kuwi gorengane diwadhahi piring ditata
sing rajin, kuwi yen lomboke kurang mundhut Lombok ning wadah Lombok”
“inggih bu”
“yowes kana ndang diterake jajan lan ngombene,
ibu arep istirahat ndisik ya,”
“inggih bu, maturnuwun ibuk”
“iya”
Banjur rita metu saka pawon tumuju ruang tamu
nggawa ngombe lan jajanan gorengan kuwi mau, lan bocah-bocah padha seneng lan
ngucapake rasa maturnuwune dening Rita. Ora mung rita, nanging karo wong tuwane
rita sing pancen bener-bener ndhuwe ati sing apik banget merga kanca-kancane
rita kabeh kuwi ngrasa dihurmati ing omahe.
Rita pancen saka kluwarga sing nduwe nanging ora
dhuweni watak sing pelit apa maneh sombong karo wong liya nanging kluwargane
padha ramah tamah, sabar, dhermawan lan wicaksana, ora kaget yen tangga
teparone padha seneng marang kluwargane, ora mung tangga teparone nanging kabeh
wong sing kenal kluwargane bakal ngrasa seneng lan dihurmati marang dheweke,
kanca-kanca rita uga padha seneng banget yen dolan ing omahe rita merga dheweke
ora pelit apa maneh ibuke ramah tamah lan apikan.
Jam uwis nunjukake ing papat sore, kanca-kanca
uga arep bali merga uwis sore. Nalika kanca-kanca pamit karo rita, kanca-kanca
uga takon ibuke rita, yen kanca-kanca arep pamitan bali merga uwis sore. Banjur
rita marani ibuke lan matur kaliyan ibuke yen kanca-kanca ajeng pamit wangsul,
ibune uga metu lan dipamiti marang kanca-kancane rita. Banjur kanca-kancane
padha bali ing omahe dhewe-dhewe. Banjur ibune ngendhikan maring rita.
“sinau sing sregep ya nduk supaya awakmu lulus
lan intuk biji sing ngepuasi awakmu lan bapak ibumu, mengko yen bijimu apik rak
ya awakmu uga ora kuciwa.”
“ inggih bu, rita nyuwun pangestune maring ibu,
supados ujian mangkih rita saget nggarap soal kanthi gancar lan boten wonten alangan
setunggal punapa.”
“ yen masalah kuwi mesthi nduk, rina wengi ibumu
ndongake awakmusupayane bisa sukses lan gegayutanmu bisa kalaksanan.”
“inggih bu maturnuwun”
“mentalmu uga disiapake kanggo ngadhepi ujian,
rak mung ngadhepi ujian tok, nanging uga kanggo mlebu kuliyah awakmu bakale.”
“ inggih bu, nanging kula kok taksih bingung
ajeng mlebet ing UNIVERSITAS pundi”
“yen masalah awakmu arep mlebun ing universitas
endi wae ibu ngintuki sing penting awakmu sregep sinau lan ndhuweni semanget
kanggo nggayut apa sing mbok karepake. Bapak, ibumu namung bisa ndongakake lan
golek duwit kanggo nukupi gegayutan anakke supaya anake bisa padha sukses”
“inggih bu, rita bakal sregep sinau kangge
nggayut cita-cita rita, rita ugi bakal damel bapak lan ibu bangga kaliyan rita
supados bapak lan ibu boten kuciwa. Ngendhikanipun bapak saha ibu bakal kula
emut lan kula laksanakaken,
“iya nduk, wis ndang gage adus, shalat terus
mangan,uga dijaga kesehatanmu.”
“inggih bu”
Sakwise adus, shalat lan mangan banjur rita sinau
maneh apa sing uwis diulangake gurune marang dheweke ing sekolahan. Nalika jam
uwis nunjukake jam 09.00 bengi dhewe nyepakake buku pelajaran sing bakal digawa
esuke. Banjur dheweke mlaku tumuju kasur lan turu merga rita ora betah melek
ndalu
PAPAT
Dina
iki Rita diwisudha ing sekolahan SMA N 2 Demak merga dheweke uwis lulus Ujian
kanthi nilai sing paling apik saka kanca sakkelase, ora kaget yen dheweke lulus
kanthi biji-biji sing gawe bombong
marang dheweke, gurune lan wong tuwane merga dheweke bocah sing paling sregep
sinau lan ora dhuweni sipat malesan, kanca-kanca uwis padha ngrasa biyasa lan
ora padha kaget yen dheweke dadi bintang
kelas ing Ujian Nasional merga ora ana sing bisa ngalahake semangete.
Klambi kebaya lan pacakan saka salon gawe bocah
umur wolulas kuwi tambah ayu, apa maneh kulit putih, awak langsing, irung sing
mancung lan rambut dhawa ireng nambahi ayu nganti kaya widadari sing ana ing
bumi. Rita pancen bocah sing sampurna ing paningale para insane, ora mung ayu
wajahe, nanging uga ayu atine.
Nalika kanca-knca padha weruh rita sing gelem
dandan merga acara wisuda ing sekolahan, kabeh kancane padha kaget merga kaya
ana widadari sing mudhun saka kayangan mampir ing sekolahan, ora mung bocah
lanang sing padha kesemsem marang ayune, nanging bocah-bocah wadon uga kesemsem
nalika weruh dheweke. Merga kanca-kancane ora ana sing tau weruh yen rita
dandan. Nalika rita ora dandan wae bocahe uwis ayu apa maneh yen dandan kaya
ngene, uwis kaya ngluwihi ayune widadari. Nanang mlaku nyedaki rita lan ngomong
“Subhanallah”
“subhanallah kenapa nang?”
“aku weruh widadari rit.”
“weruh ning ngendi?”
“ning ngarepanku”
“sapa kuwi?”
“ya iki sing ning ngarepanku sing tak ajak
ngomong”
“maksudmu?”
“maksudku ya awakmu rit widadarine.”
“kok bisa nang?”
“embuh rit, pokoke weruhku awakmu kuwi bidadari
sing ana ing bumi”
“kok bisa kaya ngono lho nang, merga apa?”
“aku lagi weruh sakiki yen awakmu gelem pacak.”
“elek ya nang?”
“ayu buangggeeeetttt rit.”
“ngapusi kowe nang”
“tenan aku ora ngapusi rit, awakmu kuwi pancen
ayu tenan. Ora mung ayu njaba nanging uga ayu sakabehane”
“aku malah isin lho nang yen awakmu ngomong kaya
mangkono”
“aku ora ngapusi rit, awakmu kuwi pancen ayu
tenan”
“ sakjane aku iki mau ora arep pacak nang,
nanging ibuku meksa yen aku kudu pacak kaya kanca-kanca merga acara iki acara
sing ora bakal dibaleni awakke dhewe maneh.”
“ ya pancen kudu kaya mangkono rit, iki uga acara
wisudanan merga bocah-bocah sing diwisuda kudu ngrayakake lan kudu tampil luwih
ayu lan anggun. Mengko uga ana foto-foto”
“iya pancen bener omonganmu nang, nanging aku
isin.”
“isin kenapa?apa sing gawe isin awakmu rit?”
“make-up iki nang”
“lah dalah…la wong ayune ngungkuli widadari kaya
ngene kok ya isin”
“(mencep lan mesem) kowe iku ya nang pancen
pinten kok yen dikon puitis”
“ora puitis rit, nanging iki kanyataane”
“hmmmmm, iya, ayo kumpul bareng kanca-kanca”
“iya rit”
Nalika acara wisuda dimulai rita entuk
penghargaan saka sekolahane yen dheweke murid paling pinter lan biji Ujian
Nasionale uga paling apik saka kanca-kancane. Dheweke intuk duwit seyuta (1
juta) piagam lan piyala penghargaan saka sekolahan. Kabeh padaha bombong marang
dheweke, padha melu ngrasake seneng, kancane padha seneng nyawang rita merga
tanpa dheweke kanca-kancane ora bisa padha semanget golek ngelmu lan ngayut
cita-citane.
“sugeng pikantuk pambahargyan ya rit (ujare
saras)”
“maturnuwun ya saras”
“awakmu pancen pantes entuk penghargaan iki rit”
“Alhamdulillah ras, tanpa awakmu lan kanca-kanca
aku ora bisa apa-apa, apa maneh ngadhek lan pikantuk kabeh iki”
“padha-padha ras, tanpa awakmu aku uga ora
sesemanget kaya ngene anggone golek ngelmu kanggo masadepanku”
“kuwi merga awakke dhewe isa bebrayan lan
kekancan kanthi kompak ras”
“iya rit, kanca-kanca padha seneng dhuweni kanca
sing isa gawe motivasi lan semanget sinau kaya awakmu”
“kanca-kanca kabeh dhuweni hak kaya sing lagi tak
intukke dina iki ras, merga awakmu lan kanca-kanca kuwi asline iku padha pinter
ngluwihi aku.”
“aamiin…. Dongakke ya rit?”
“iya ras, muga-muga kabeh padha sukses lan
kepenak”
“aamiin…aamiin…aamiin”
“Oya ras,
sakwise lulus iki awakmu arep nerusake ana ning endi?”
“aku sih pengene kuliyah ana ing jogja ning
Universitas Gajah Mada tinggal wong tuwaku ngintuki apa ora”
“lha arep jikuk jurusan apa ras”
“insyaallah bahasa jawa, merga aku pengen nguri-uri
kabudayan jawa”
“lho penginmu kok padha karo aku, nanging aku
pengin kuliyah ana ing universitas PGRI Semarang”
“ora kaget rit, yen awakmu kuwi arep jikuk
jurusan bahasa jawa, merga awakmu pancen pinter bahasa jawa. Ora mung aksara
jawa lan kramane nanging wakmu uga nduwe bakat nembang jawa lan macapatan”
“halah ras, kuwi kabeh namung gawe hobi kok sak
benere aku uga kaya awakmu sing durung bisa apa-apa kaya kowe rit”
“heemmmm iya-iya bu ustadzah”
“awakmu kok pengin kuliyah ning UGM merga apa
ras? Minangka semarang wae akih Universitas sing apik lan ora kalah karo UGM”
“iya rit, Semarang pancen akih Universitas sing
apik, kayata Universitas sing arep mbok tuju kuwi, Universitas PGRI Semarang.
Nanging aku pengin nerusake ana ing UGM merga aku pengin cedhak karo simbah lan
asline lairku rak ya saka Jogja rit, rasane aku kangen banget karo suwasana ana
ing Yogya rit.”
“owh iya ras, aku lagi kemutan yen awakmu kuwi
asli wong Yogya. Yen kaya mangkono awakke dhewe iki lak ya bakal jarang ketemu
”
“ora usah khawatir rit, aku uga asring bali ana
ing Demak mergo omahku lak ya ana ing Demak tow rit”
“hehehe… iya nanging awakmu kan ning Yogya bakal
suwe lha wong awakmu kuwi kuliyah kok, ora mung liburan lan seneng-seneng ana
ing kana apa maneh yen uwis ketemu kanca anyar, mesti lali karo aku iki”
“awakmu ora bakal bisa tak lalikake rit, merga
awakmu kuwi sahabat sing paling bisa gawe aku mangkene, Seng bisa nyemangati
aku kanggo gayut cita-citaku iki”
“kabeh kuwi ora merga saka aku ras, nanging saka
semangatmu lan niatmu sing gawe awakmu nganti kaya mangkene. Luwih-luwih nganti
awakmu pengin kuliyah sak dhuwur-dhuwure”
“aamiin……………………………!!!!”
LIMA
Dina
iki rita uwis wiwit kuliah ana ing Universitas PGRI Semarang. Gegayutan sing
diimpi-impi dheweke kanggo nerusake ana ing Universitas PGRI Semarang lan jikuk
kuliyah basa jawa saiki uwis kalaksanan. Dina kuliyah iki rita kenalan karo
kanca-kanca anyar ana ing universitas PGRI Semarang. Sak wise rita kenalan
siji-siji karo kanca-kanca sing anyar kuwi jebule ana kanca sing sak daerah
marang dheweke sing jenenge silfi, banjur ana kakak kelas sing menehi tugas
kanggo wiwit kuliyah utawa ospek. Rita lan silfi uwis sepakat yen dheweke
bareng-bareng golek bahan kanggo ospek
sing di wenehi karo kakak kelase kuwi mau.
“fi mengko golek bahan-bahan bareng ya kanggo
tugas ospek?”
“iya rit, kira-kira golek bahan ning ngendi ya?”
“lha enake ning semarang apa ning demak fi?”
“mending ning demak wae ya, merga awake dhewe wes
apal karo tokone sing adol bahan-bahan tugas kuwi rit.”
“nanging aku uga ngerti panggonan seng adol
bahan-bahan kanggo ospek kuwi ning semarang kok fi”
“lha ana ing ngendi rit, ngerti tenan apa ora,
yen awake dhewe ora faham karo daerah semarang tenan awake dhewe bakal nyasar
lho rit,”
“iya fi awake dhewe rak ya padha wae durung
ngerti daerah semarang apa maneh aku sing durung tau ngidak lemah semarang”
“tinimbang awake dhewe padha-padha durung ngerti
toko sing dituju ana ing semarang, mending awake dhewe tuku ana ing demak wae.”
“Yen ngunu sakwise kuliah iki awake dhewe budhal
golek bahan-bahan kanggo ospek kuwi ya fi”
“oke”
Nalika rita lan silfi padha omong-omongan kanggo
ngrembug bahan-bahan sing arep disiapke kanggo ospek banjur dafa sing saka
kelas liya ngajak kenalan rita lan silfi, ora disadari yen rita, silfi, lan
dafa uwes omong-omongan akih nganti wengi lan ora sadar yen dheweke kudu balik
demak lan kudu golek bahan sing dikarepake kanggo tugas ospek. Banjur dheweke
pamit bali karo dafa yen dheweke arep bali ing demak merga rita lan silfi ora
ngekos ing semarang nanging dheweke isih padha nglaju. Nalika silfi tumuju ana
ing parkiran dheweke takok rita.
“ fi, awakmu arep balik bareng sapa?,
“aku balik dhewekan fi, lha piye fi?”
“ ya padha rit, aku uga balik dhewekan ora ana
kancane.”
“banjur kowe mau mangkat ya padha wae umbal?”
Ora fi, aku mau mangkat bareng masku, merga mask
u kuliyah ana ing Unisula”
“banjur iki mengko disusul karo masmu
maneh apa ora rit?”
“ora ngerti fi, merga nganti yahmene aku uga
durung disusul, yen ora disusul aku balik umbal wae fi.”
Mendhing balik bareng aku wae rit, sisan mampir
golek bahan-bahan kanggo ospek sisuk. Lagiyan awakke dhewe uga sakarah toh
baline.”
“iya fi, aku bali bareng ya”
“lhakan iki mau kowe tak ajak balik bareng”
“hehehe, iya fi maturnuwun ya”
“Padha-padha rit”
Banjur dheweke mlaku tumuju parkiran
lan budhal balik sinambi golek bahan-bahan kanggo ospek sisuk. Sakwise tekan
demak silfi nunjukake toko sing dodolan alat tulit, fotocopinan sing paling
komplit ning Demak, yaiku ning daerah betengan sing jeneng tokone Albarokah 5.
Banjur rita takok maring silfi.
“fi, awakmu sering tuku ana ing
barokah 5?”
“iya rit, awakmu uga uwis ngerti toh
karo barokah 5 iki?”
“ngerti banget malahan yen ning
barokah 5, merga aku langganan ana ing toko kuwi, karyawane uga uwis padha
kenal karo aku.”
“owalah, takkira awakmu durung ngerti
rit, aku malah jarang tuku ana ing toko kuwi nanging aku ngerti toko alat tulis
sing paling komplit ana ing demak ya barokah 5 iki.”
“pancen kok fi, apa wae sing dibutuhke awake
dhewe mesthi ana kabeh, senengku langganan ning barokah 5 ya merga kuwi,
albarokah 5 ora tau gawe kuciwa pelanggane.”
Sakwise ngomongke albarokah 5 rita diajak medun
lan tuku ing toko kuwi, nanging rita isin medun merga dheweke ditaksir karo
salah siji karyawan barokah kuwi.
“rit ayo mudun”
“ara ah fi, awakmu wae ya sing tuku,
aku nunggu ning kene wae”
“lha ana apa rit?”
“aku isin fi.”
“isin karo sapa awakmu rit? Iki kan
tugase dhewe”
“ya udah deh, ayo(kanthi kapeksan rita gelem
mudun)”
nalika rita lan silfi mudun saka montor lan mlaku
tumuju toko albarokah, rita lega merga dheweke weruh yen sing ngedholi kuwi mas
faid, ora mas gufon. Nanging sakwise dheweke takok-takok sing arep dituku jebul
mas gufron teka, mlaku tumuju dheweke. Merga uwis suwe ora ketemu, banjur mas gufron
takok-takok maring rita.
“mbak rita pripun kabare?”
“Alhamdulillah sae mas”
“kok sampun dangu boten wonten kabare, kadose uga
sampun dangu sampun boten nate tumbas wonten ing barokah niki?
“inggih mas, merga kathah tugas-tugas lan
sakderenge ugi wonten ujian-ujian sing dadosaken kula jarang medal malih”
“oohh ngoten mbak, inggih sae yen ngoten, niku
rencang anyar malih mbak? Kok kadose dereng nate sumerep.
“inggih mas, niki rencang kula kuliyah, ayu ya
mas (karo guyon).”
“ya ayu toh mbak, namine tiyang estri nggih
mesthi ayu, yen tiyang jaler nembe bagus mbak.”
“hehehe, hayoo… mas gufron naksir ya?, gampil kok
mas, mengkih kula sanjangke kalih tiyange, tiyange ugi boten sombong malah
tiyange punika sae sanget (kanthi guyon merga sakbenere rita uga ana rasa
maring gufron, nanging dheweke ora gelem ngomong yen dheweke seneng karo
gufron).”
“boten mbak, kula namung taken mawon kok”
“hemmmm, inggih mas”
“banjur mbak rita tumbas napa mawon?, sampun
didholi dereng mbak?”
“sampun mas, niki sampun sedoyo”
“mbak rita tumbas napa kemawon?
“niki tumbas kertas-kertas kangge tugas, biasa
mas yen wiwitan kuliyah mesthi kathah tugas.”
“ inggih mbak pancen mekaten, napa malih nembe
dados mahasiswi ingkang enggal, mesthi kathah tugase. Niki mbak rita mesthi
kangge tugas ospek toh? Leres boten mbak?
“inggih mas, leres sanget, paling males pancen
tugas ospek mas, mesthi mahasiswa sing anyar padha digarapi karo kakak kelas
sing uwis senior”
“iya pancen kaya mekaten mbak, paling mbak rita
mangkih menawi sampun dados mahasiswa ingkang sampun senior inggi sami kaya
mekaten, sami-sami nggarapi kaliyan adhik kelas ingkang nembe junior”
“hehehehe…iya ya mas.”
“iya pancen mekaten mbak”
“ inggihpun mas, niki sampun cekap sedoyo, kula
pamit wangsul rumiyin.”
“inggih mbak, matur nuwun nggih mbak sampun purun
tumbas malih lan sampun purun jejagongan kalih kula.”
“inggih mas, sami-sami.”
Banjur sakwise tumuju montor rita lan silfi
ngurepake montor lan mlaku tumuju omahe silfi. Nanging silfi takok maring rita.
“rit kuwi mau sapa sing jagongan karo awakmu?
“kuwi mau jenenge mas gufron fi.”
“oh…awakmu uwis padha kenale?
“iya fi, lha kenapa fi?awakmu seneng? Sakliyane
dheweke bagus, dheweke uga apikan kok fi, grapyak sisan maring wong liya.”
“ora ngono lhoh rit, sajake dheweke kok seneng
marang awakmu.”
“aja ngonolah fi, ndak aku kePDnen.”
“yen tak ngeti-ngeti iya pancen kaya mangkono
rit”
“halah, kowe aja kaya ngono ach fi, aku karo
dheweke mung kekancan sing kenal merga saka aku uwis kulina tuku ana ing kono.”
“owh…ngono ya rit”
“iya fi”
Jejagongane gawe ora krasa yen rita lan silfi
kuwi uwis tekan ngarep omahe silfi. Banjur silfi ngajak mlebu ing omahe lan
ngakon rita ana ing ruang tamu sinambi nyugatake es sirup lan jajanan
sneck-sneck sing dijikuk ing kulkase. Sinambi rita nunggu silfi adus dheweke
maem cemilan lan es sing uwis disugatake silfi kanggo dheweke. Sakwise silfi
uwis rampung adus rita ngajak silfi kanggo nggarap tugas ospek ning omahe.
“sil nggarap tugas ospek iki ning omahku wae ya?”
“lha kenapa rit?”
“merga sing ning omah padha ora ana”
“lha padha ing ngendi rit?”
“bapakku kerja, ibukku ning omahe buklekku banjur
yen masku durung bali saka kuliyahe.”
“oh..kaya mankono toh rit, yen ngono ayo nggarap
ning omahmu wae, merga mesakake yen awakmu ana ing ngomah dhewekan.”
“tenan ya fi”
“ya tenan tha rit, aku uga pengen ngerti omahmu
kuwi ana ing ngendi, merga yen aku pengin dolan, aku uga ngerti omahmu”
“iya fi, yen ngono ayo budhal”
“oke rit”
Banjur bocah lara kuwi padha mangkat menyang
omahe rita kanggo nggarap tugas ospeke. Sakwise tekan omahe rita, silfi kaget
ngeti omahe rita sing gedhe, megah lan apik banget.
“Iki omahmu rit?” pitakone silfi.
“iya fi, elik ya fi?”
“kaya nggene kok muni elik rit, gedhe lan apik
banget kaya ngene kok rit”
“padha kaya omahmu fi, omahmu uga apik kok. Ayo
mlebu ning omah ora ana wong kok fi, gak usah isin-isin anggep wae omahe dhewe”
rita mesem.
“iya rit”
“ yen ngono aku tak adus ndisik ya fi, iki jajane
dimaem ndisik.”
“bakal tak enteke rit” guyonane silfi.
“ya ora apa-apa fi, aku malah seneng, mengko yen
entek tak tumbaske maneh”
“hehehe…yowes ndang adus ndisik rit”
“iya fi”
Rita mlaku tumuju kamar mandi lan adus, yen silfi
lagi mangan jajan sinambi ndelok TV. Nalika rita wis rampung aduse banjur silfi
takok marang rita.
“rit awakmu dhuwe sedulur pira?”
“aku dhuwe sedulur lara fi, masku lan adhekku”
Yen masmu kuliyah wis semester pira rit?”
“semester lima fi”
“Yen adhekmu isih kelas pira rit?
“yen adhekku isih kelas papat SD kok fi”
“lhooohhh…. Kaceke kok adoh banget ya rit?
“iya rit, pancen kaceke adoh yen aku karo adhekk.
Minangka awakmu dhewe piye fi? dhuwe sedulur pira?
“aku papat fi, aku sing nomer telu, masku sing
nomer siji uwis nikah, sing nomer lara kuliyah semester pitu, yen adhikku isih
SMP kelas lara rit.”
“owh..kaya mangkono fi”
“ iya rit, yen ngono ayo digawe tugase fi”
“oke fi, ayo semangat”
Nalika tugas ospeke uwis rampung silfi pamit
balik merga uwis krasa kesel lan wengi. Banjur rita ngeterke silfi ana ing
ngarep omah. Skwise silfi bali rita malah kepikiran karo Gufron karyawan
barokah sing uwis disenengi rita telung taun, dheweke kepikiran omongane sing
alus lan wajahe sing bagus. Lagi karo bocah kuwi rita ngrasa seneng banget
kamangka dheweke akih sing seneng nanging ora ana sing bisa ngalahakebocah saka
Palembang sing lagi mondhok lan ngapalake Al-Qur’an lan sinambi mbantu usaha
kyaine ing toko alat tulis kuwi. Nadyan rita seneng karo gufron nanging dheweke
ora gelem ngakoni prasaane marang gufon. Dheweke uga nglawan rasa kuwi kanthi
nyoba nglalekake gufron lan uga uwis suwe rita ora pernah tuku ana ing toko
kuwi. Nanging memorine marang rasa kuwi diilingake karo silfi kanca sing lagi
kenal ana ing kampuse. Nalika rita uwis ora kuwat marang prasaane, akhire rita
mutusake yen sisuk dheweke pengin ning toko kuwi kanthi iseng-iseng arep foto
kopy, nadyan sing difoto kopy kuwi sakbenere ora penting. Banjur rita mlebu
kamar lan turu kanthi rasa bungah merga dheweke mau uwis weruh lan jejagongan
karo wong sing uwis suwe disenengi.
Suwara pitik sing padha kluruk nunjukake yen
wayah uwis esuk, banjur rita tangi, adus lan subuhan. Sakwise subuhan rita
kelingan eseme gufron sing manise ngungkuli gula. Sakwise bayangke dheweke
ngeti jam sing nunjukake uwis jam enem esuk. Merga dheweke kudu tata-tata
menyang kampus, nalika rita uwis bar anggone tata-tata dheweke diparani silfi
kanggo ngajak mangkat kuliyah bareng.banjur dheweke budhal menyang kuliyah,
nanging rita ngajak silfi mandheg ana ing toko albarokah kuwi.
“fi, mengko mandheg ing toko albarokah sing wingi
awakke dhewe tumbas bahan-bahan kanggo ospek kuwi ya?”
“arep tumbas apa maneh rit?”
“iki arep fotokopy ndisik fi”
“foto kopy apa toh rit?”
“foto kopy KTP fi”
“kanggo apa rit?”
“ada dechh….hehehehe”
“weleh, saiki ngono ya, paling Cuma arep ketemu
mas gufron, iya tha? Hayo ngaku” silfi kanthi gluwehan”
“ora fi” rita kanthi mesem-mesem.
“tenan iya ora apa-apa lho rit”
“ora tenan ya fi”
“yen ngono foto kopy KTP kanggo apa hayo?”
“pokoke ada deecchhh”
“konangan lho rit, yen awakmu kuwi pancen seneng
tha karo mas gufron?”
“hmmmmm”
“kok hmmm”
“ halah fi, mikire aja aneh-aneh.”
(silfi meneng wae nadyan asline dheweke ngerti
yen rita pancen seneng karo gufron)
Sakwise wong lara kuwi uwis tekan ana ing ngarep
barokah rita mlaku tumuju toko lan fotokopy KTP nanging dheweke ngeta-ngeti
mrona-mrene tetep wae ora weruh gufron. Banjur dheweke ditakoni mas tejo,
sajake mas tejo ngerti yen rita lagi nggoleki kancane sing jenenge gufron.
Banjur tanpa disadari mas tejo mlebu ruangan mburi fotocopy lan metu maneh karo
gufron. Priya sing disenengi dheweke nganti telung taun.
“tumbas napa mbak?” pitakone gufron marang
dheweke
“nembe fotocopy mas”
“fotocopy napa mbak?”
“KTP mas(karo isin-isin jawabe)”
“mriki mbak kula fotokapiaken kemawon”
“inggih mas”
Nalika KTP sing uwis diwenehake gufron uwis
rampung anggone fotocopy, banjur dheweke batin yen dheweke sakbenere pengin
jejagogan sing suwe marang dheweke ndyan atine krasa deg-degan merga lagi ana
ing ngarepane wong sing diimpi-impi nanging dheweke pengen ngungkapake sing
dheweke rasa. Nanging dheweke ngrumangsani yen dheweke kuwi bocah wadon sing
ora bakal pantes yen dheweke ngungkapake apa sing dirasa marang gufron. Ora
dikira yen gufron malah ndisiki ngomong kanggo ngungkapake rasa marang rita.
“mbak kula ajeng sanjang kalih panjenengan”
“sanjang punapa mas?, punapa kula wonten salah
kalih panjenengan?” rita kanthi rasa deg-degan”
“boten mbak”
“lajeng bab punapa?”
“bab ingkang kula raosaken”
“raosaken kados pundi toh mas?”
“yen sejatosipun kula punika tresna marang
panjenengan mbak, nanging….”
“nanging kados pundi mas?”atine rita kaya
nglayang-ngalayang merga dheweke uwis ngerti yen gufron kuwi jebule dhuwe rasa
tresna marang dheweke.
“kula wonten mriki tujuan kula namung setunggal”
“punapa niku mas?”
“pados ngelmu lan nngrampungaken anggene kula
ngapalaken Al-Qur’an mbak”
“lajeng kados pundi?”
“kula boten mangertosi malih mbak, kula namung
pengen ngungkapaken punapa ingkang kula raosaken”
“inggih mas kula ngertos, kula ugi taksih
kuliyah, napa malih anggene kula kuliyah nembe kemawon dipunwiwiti”
“inggih mbak”
“Nadyan kula lan panjenengan nggadhahi raos
ingkang sami nanging kula milih fokus anggenipun kula lan panjenengan pados
ngelmu, masalah jodoh lan boten punika sampun wonten ingkang ngatur”
“inggih mbak, leres…jebule mbak rita ugi
nggadhahi raos ingkang sami kaliyan kula toh?”
“(rita mungmesem)”
Banjur nalika uwis padha-padha ngerti apa sing
dirasake dhewe-dhewe, rita lan gufron padha-padha ayem lan lego merga uwis
padha ngerti apa sing dirasakake marang bocah lara kuwi.
ENEM
alika rita semester lima dheweke sering gawe
tugas sinambi facebokan, rita sing lagi gawe status takok marang kanca
facebooke daerah Demak sing dodol cas tablet ana ing conter ngendi wae. Status
kuwi digawe rita merga dheweke lagi butuh banget cas tablet merga dheweke uwis
mubeng-mubeng golek ing conter-conter Demak nanging durung ana sing dodol.
Akhire ana wong sing nawani lan ngekei ngerti conter sing dodol cas tablet. Ora
disangka yen sing komen kuwi kancane gufron lan conter sing dimaksud bocah kuwi
uga conter sing ana ing toko Albarokah conter lan manggon ana ing sebelahe toko
Albarokah alat tulis lan fotocopian merga conter kuwi uga isih dadi siji karo
pondok betengan. Sakwise rita tuku ing conter kuwi dheweke balik ing ngomah.
Nalika dheweke gawe tugas sinambi facebookan ana inbok sing jenenge zee elmhunchen.
“assalamualaikum”
“Waalaikumsalam”
“case uwis isa durung mbak ?”
“uwis, maturnuwun ya infone”
“wah..mbake mau kok ketoke cepet-cepet baline”
“lhooo…kok bisa ngerti mas?”
“iya ngerti mbak, merga mau aku uga ana ing
barokah conter”
“lha mase uga tuku toh ning kono?”
“Ora mbak”
“lha terus ngapa ing kono?”
“Aku sering ngiwangi ning conter kuwi mbak”
“mase uga cah pondhok betengan?”
“Iya mbak, aku cah pondhok betengan, nanging
kadang aku melu ngiwangi jaga conter”
“Oooohhh ngono tha…!!”
“iya mbak, aku uga sering ngeti awakmu ning
barokah alat tulis lho mbak”
“lha kok bisa ngerti aku mas”
“aku sering namatake awakmu mbak”
“lha ana apa ning awakku mas kok ngerti lan
nganti ditamatake barang”
“ya ora ana apa-apa mbak”
“wah aku malah dadi isin yen ngeneki”
“isin kenapa mbak?”
“lha jebule padha ngerti aku”
“berarti mbakke terkenal”
“hhhhmmmmm aneh-aneh”
“hehehe”
“Uwis ndisik ya mas, aku arep nggarap tugas
kuliyah”
“Iya mbak”
Banjur rita nerusake garap tugas kuliyah sing
lagi diwenehake dosene. Sakwise rampung rita bukak facebook maneh kanggo
ngilangi rasa bosen lan jenuh marang tugas-tugas sing lagi akeh-akehe. Nanging
ana inbok mlebu maneh ing facebooke rita. Jebul sing nginbok isih tetep bocah
mau sing jeneng facebooke zee elmunchen.
“tugase uwis rampung durung mbak”
“uwis mas”
“yen intuk ngerti jenengmu sapa mbak?”
“lha ana apa mas, kok takok-takok jeneng barang”
“Supaya ngerti mbak, mosok uwis ngerti suwe
nanging ora ngerti jenenge”
“ooohh ngono tha,,jenengku rita, yen awakmu sapa
mas?”
“aku rudi mbak, omahe ngendi mbak?
“Singorejo mas, yen awakmu?
“aku lampung mbak, oh ya mbak aku oleh kenal
awakmu luwih cedhak ora?”
“cedhak kayak piye?”
“kekancan kok mbak,lha oleh ora mbak?”
“iya ora apa-apa mas, yen mung kekancan”
“aku intok jalok nomer HPmu ora?”
“kanggo opo mas?”
“iya pengen luwih gampang yen sms awakmu mbak”
“089956777778 aja di sebar-sebarke ya mas”
“iya mbak matur nuwun nomere merga awakmu uwis
percaya karo aku, kok durung turu mbak? Wes wengi lo?”
“durung bisa mas merga wis kulina”
“lha merga apa?”
“merga uwis kulina garap tugase ndalu-ndalu”
“garap tugase leren ndalu-ndalu kenapa mbak?”
“golek sing tenang”
“yowes mbak yen ngunu aku tak turu disek ya mbak,
awakmu di terusake garap tugase”
“iya mas mangga”
Sakwise rita inbokan karo rudi, dheweke garap
tugas lan sangking senenge anggone garap tugas, ora krasa nganthi ndalu.
Nalingka dheweke ngeti jam jebul uwis
nunjukake jam lara bengi, banjur dheweke
ngrampungi garap tugase rita langsung mlaku tumuju amben sing ana ing
ngarepane.
Ora krasa anggone turu jebul pitik-pitik wis
padha kluruk sing nandakake wayah uwis isuk. Banjur rita tangi mlaku tumuju
kamar mandi kanggo adus. Sakwise dheweke adus banjur dheweke solat lan
tata-tata kanggo mangkat kuliyah.
Nalika dheweke mangkat kuliyah, dheweke kepikiran
yen pulpene entek banjur dheweke mampir tuku ning al barokah alat tulis sing
ana ning betengan, tanpa disadari rita jebul ana sing ngamatake dheweke anggone
tuku pulpen ing al barokah alat tulis kuwi. Sakwise dheweke rampung anggone
tuku ning barokah banjur dheweke langsung mangkat kuliyah.
Jam papat sore dheweke bali kuliyah lewat ana ing
ngarep betengan, ana sms saka kancane nanging dheweke ora bisa balesi merga
pulsane entek, ndilalah pas ana ing ngarep toko barokah. Banjur ora nganggo
suwe dheweke langsung mampir ing toko kuwi kanggo tuku pulsa. Tanpa di sadari
maneh jebule ana wong sing lagi ngamatke dheweke. Sakwise rita tuku pulsa
banjur dheweke langsung balik tumuju omah.
Nalika rita lagi maca novel ana suwara sholawatan
jebul suwara sholawatan kuwi saka HPne. Banjur dheweke jikuk HP sing ana ning
dhuwur meja kamare, kanthi kaget dheweke buka sms sing ora ana jenenge namung
nomer-nomer tok sing isi smse
"Assalamu'alaikum"
banjur
dheweke balesi "wa'alaikum salam Iki sapa ya?"
"iki aku rudi mbak"
"rudi
sapa?"
"sing
jalok nomermu wingi ning facebook mbak"
"owh
awakmu toh mas, lha ana apa?"
"ora
ana apa-apa mbak, namung arep takok uwes tekan omah apa durung?"
"uwis
mas, lha ana apa mas?"
"ora ana apa-apa mbak"
"awakmu kok isa takok kaya ngono,
kaya-kaya awakmu bar weruh aku"
"iya mbak, aku mau weruh awakmu"
"ning
ngendi mas?"
"ning
barokah alat tulis"
"owalah, awakmu sing endi mas? Kok ora
gelem nyapa"
"aku
mau ana ing njero toko barokah sing conter mbak, ora kepenak yen arep nyapa
awakmu"
"ora kepenak kenapa mas"
"asline ora mung ora kepenak, nanging
awakmu uga durung ngerti aku mbak, dadi ora wani yen arep nyapa mbak rita"
"ya
ora apa-apa mas, yen awakmu nyapa aku malah gawe aku ngerti awakmu ki sing
endi" "owh...ngono tha mbak"
"iya"
"yen
ngono nalika mbak rita tuku ana ing barokah maneh bakal taksapa merga uwis
ngomong marang mbak rita, yen mau arep nyapa rasane isih ora wani mbak"
"iya
mas"
sakwise smse uwis rampung dheweke nglanjutake
anggone maca novel sing isine tentang indahe cinta-cinta dheweke dadi kelingan
karo wong sing ditresnani nganthi telung taun nanging wong sing disenengi kuwi
durung ana kepastiane kanggo serius marang dheweke.
Nalika rita uwis bosen anggone maca novel dheweke
nyetel TV sing ana ing ruang tamu, isine namung tontonan sinetron-sinetron sing
gawe para remaja dadi malesan lan tumindhak ala kaya film-film sing ditonton
ana ing TV. Banjur rita mlebu kamar maneh lan nyekel laptop kanggo nerusake
tugas-tugas kuliyahe. Dheweke nggarap tugas nganthi jam lara bengi, pancen uwis
kulina nalika rita nggarap tugas nganthi bapak lan ibune uwis turu suwe.
Kamangka dheweke uga ora tau tangi kawanen apa maneh nganthi ninggalake shalat
subuh sing uwis dadi kewajiban saben umat islam. Rita pancen bocah sing sregep
banget, nalika kanca-kanca lan wong tuwane padha turu nanging dheweke
manfaatake wektu-wektu istirahate kanggo nggawe tugas. Nalika dosen uwis
maringi tugas langsung digawe dheweke, merga dheweke ora seneng gawe tugas
nalika wektune uwis mepet. Dheweke dadi bocah pancen disiplin banget.
Nalika rita sumpek sing dirasakake uga ora
ngerti. Hawane pengin refresing nanging sakbenere dheweke ora ngerti, ora
dhuweni pengalaman kanggo lunga-lunga apa maneh lunga-lunga sing sak karepe
dhewe karo pacare kaya bocah-bocah sing sakpantarane. Apa maneh pacaran dheweke
ora dhuwe pikiran kanggo pacaran, nadyan asline sing seneng dheweke iku akih
banget.
Nalika dheweke lagi sumpek dheweke malah
kepikiran wong sing biyasane ngamatake dheweke yen dheweke lagi tuku ana ing barokah
sing sakbenere wong kuwi uga kanca facebook sing ngaku jenenge rudi. Rita
kepikiran lan penasaran marang rudi, banjur ora suwe dipikirke HP sing nada
deringe shalawatan kuwi muni maneh banjur dibuka rita jebul sms saka rudi sing
isine namung takok kabar marang dheweke.
"assalamualaikum mbak rita, piye
kabare?"
semono uga
rita bales smse "alhamdulillah apik mas"
"kayake mau aku ora weruh mbak rita tuku
ana ing barokah"
"pancen aku mau ora tuku ning barokah kok
mas"
"pantesan sedina aku ora weruh"
"lha
ana apa tah mas?"
"ora ana apa-apa mbak, namung takok tok
mbak, asline uga aku pengin ngobrol yen ketemu mbak rita, nanging aku ora wani
merga ana ing kalangan pondhok, sejatine aku uga ora kepenak yen weruh
santri-santri liyane apa maneh kok nganti pak kyai sumerep anggone aku
jejagongan marang mbak rita"
"owh kaya mangkono toh mas?"
"iya
mbak, mbak rita gelem ketemu karo aku ora mbak? Nanging aja ning toko mbak aku
ora wani yen didukani pak kyai"
"nyuwun ngapunten ya mas aku ora bisa
merga aku ora seneng lan aku uga ora tau ketemuan ning njaba karo wong lanang
apa maneh ketemuane ana ing pinggir dalan."
"nyuwun ngapunten ya mbak, ora maksudku aku
ngajak mbak rita ketemu ana ing jaba apa maneh ing pinggir dalan nanging
alesanku mau rak ya uwis tak kandhake marang mbak rita"
"iya
mas aku ngerti"
"yen
kaya mangkene banjur aku isa ketemu karo mbak rita kapan?"
"ya ora usah ketemuan mas, yen ana ing
barokah wae awakmu nyapa aku, ora usah nganggo jejagongan"
"owh ngoten, yen kaya ngono aku wani mbak,
merga nyapa tok ora nganggo jejagongan"
"iya mbak"
"sakbenere aku iki arep fotocopy loh
mas"
"fotocopy ana ing ngendi mbak?"
"ya
ana ing barokah, merga wes langganan ana ing kana"
"owh
ngono, yen ngono mangga mbak, tak tunggu" "oke"
banjur rita jikuk buku sing arep difotocopy lan
mlaku ana ing ngarep kanggo jikuk motor. Dheweke langsung mangkat ning toko
barokah. Sakwise tekan barokah dheweke mlaku tumuju toko lan fotocopy buku sing
digawa. Ora suwe ana wong sing uga mlaku tumuju barokah ngawa klambi putih
dhawa, gawa kupluk putih lan gawa sarung, wajah sing katon putih resik lan ana
jenggot sing dirawat apik ning dagu namung sak baris ning ngisor lambe kuwi
nambahi katon bagus apa maneh awak sing gagah gedhe dhuwur nggawe perfeke
awake. Banjur wong bagus gedhe gagah dhuwur kuwi nyedhaki rita lan nyapa marang
dheweke.
"iki aku mbak"
"aku sapa mas?"
"aku rudi mbak sing bar sms awakmu mau"
"owh, iya mas"
"saiki wes padha ngertine ya mbak"
"iya mas"
"yen ngono aku tak balik ana ing conter
maneh mbak"
"iya mas"
banjur nalika uwis rampung fotocopine dheweke
langsung bali ning omah, naliko dheweke uwis tekan omah rita langsung adus,
sakwise adus dheweke mlaku tumuju pawon kanthi suwara glontangan jikok piring
kanggo mangan. Kanthi suwara sholawatan sing muni banter jebul suwara HP sing
lagi muni trus dheweke mlaku tumuju pusat suwara sholawatan. Jebul suwara kuwi
suwara sms sing muni saka HPne.
“assalamualaikum” sms saka rudi
Banjur rita balesi “waalaikumsalam”
“uwis tekan omah apa durung mbak?”
“uwis mas”
“saiki mbak rita uwis ngerti toh aku iki kaya
kepiye?”
“iya mas, uwis ngerti”
“elek ya mbak”
“ora kok mas, bagus banget malah”
“halah mbak rita ki namung nyenengke aku tok kok”
“Ora kok pancen awakmu iku ganteng loh mas”
“uwis mbak, aja nyenengke aku terus, awakmu uga
ayu kok mbak”
“hmmmmm, malah gantian ngece loh mas”
“ora ngece loh mbak, awakmu iku bener-bener ayu
kok mbak nganti aku ngamatake terus yen awakmu tuku ana ing barokah”
“hmmmm”
“mbake iseh ngopo?”
“nonton tv mas”
“karo sapa mbak?”
“adiku mas,awakmu iseh ngopo mas?”
“leyeh-leyeh mbak ning kamar ngerungokake
sholawatan, uwis mangan durung mbak?”
“uwis mas”
“karo apa mbak?”
“ayam mas”
“wah enak ya mbak mangan bareng ayam’
“loh awakmu kok ngerti mas mesti bar melu mangan
karo ayam.”
“ora kok mbak aku malah bar mangan karo bebek”
“bebekke nganggo B ora mas? hehehehe”
“bebekke nganggo B ora mas? hehehehe”
“ya mesti toh mbak, yen ora nganggo B ya ora
enak?”
“ hehehehehe, iya mas”
“ mbak aku oleh dolan ning omahmu ora mbak?”
“arep ngapa mas ning omahku”
“dolan mbak, siraturahmi”
“awakmu gak wedi mas karo bapakku, bapakku galak
loh mas”
“ngopo wedi mbak aku kan ora nyolong awakmu,
hehehe”
“kapan mas arep ning omahku?”
“ya ngenteni diijini awakmu mbak”
“saiki ya ora apa-apa kok mas”
“saiki ya ora isa lah mbak,durung libur”
“emmm, terserah awakmu mas, yen isa aja merene
soale bapakku galak,mengko yen awakmu diseneni aku sing ora kepenak”
“yen diseneni
ya dirungokake mbak, yen di gebuk ya di rasakake mbak, hehehe”
“sak senengmu lah mas”
“iya mbak,yen sesok bengi oleh ora mbak”
“tapi aku ana acara kok mas, aja sesok ya mas”
“lha kapan mbak awakmu ora ana acara?”
“malem minggu piye mas?”
“wah aku jaga toko kok mbak, isaku paling malem
selasa karo jum’at”
“yen ngunu malem jum’at wae mas”
“iya mbak insyaallah,uwis disek ya mbak aku arep
jaga toko disek”
“iya mas”
Sakwise rita karo rudi smsan wong lara kuwi pada
golek acara dhewe-dhewe.Telung dina sakwise sing nandakake malem jum’at yen
rudi arep mara ning omahe rita banjur rita trus meden-medeni yen bapake kuwi
galak lan ora seneng banget yen ana bocah lanang dolan ana ing omahe, nalika
rita cerita kaya mangkono rudi dadi minder yen arep dolan ning omahe rita merga
sing dikira rudi bapakke rita pancen bener-bener medeni. Nanging dheweke tetep
teteg atine pengen dolan ana ing omahe rita, dheweke ora gelem ngomong maneh
karo rita yen dheweke pancen dolan tenan ana ing omahe.
Kanthi suwara motor mandheg ana ing ngarep omahe
rita, rita namung ngira yen sing teka ana ing omahe kuwi sedulure apa kancane
bapak sing biyasane nggoleki bapakke rita. Tamu kuwi kethok-kethok lawang lan
ngucap “assalamualaikum”
“waalaikumsalam” Nanging sing jawabi lan sing
marani malah bapake rita, banjur dheweke takon “rita wonten pak?”
“ana nang, kosek ya”
“Inggih pak”
Bapakke mlaku tumuju jero omah lan ngundhang
rita, “rit kae lho ana sing nggoleki kowe”
“sinten pak”
“embuh aku uga ora ngerti, yowes ditemoni ndisik
wae”
“inggih pak”
Rita mlaku tumuju njaba omah lan ora disangka
sing teka kuwi mau rudi, dheweke kaget banget nalika rudi sing teka ana ing
omahe.
“loohhh mas rudi toh ?”
“iya mbak iki aku rudi, kok sajake mbak rita
kaget yen aku sing dolan”
“iya mesti aku kaget mas, lah wong mau uwis
ngomong ora sida dolan merga wedi karo bapak kok”
“iya mau pancen kaya mangkono mbak”
“banjur????”
“Nanging aku uga mikir yen awakku ora wani terus
kanggo dolan mrene banjur aku wanine kapan”
“ooooohhh kaya mangkono toh mas, jebule awakmu
iku kalebu wong sing kendhel loh mas”
“kudune pancen kaya mangkono mbak, yen aku wedi
terus ya ora bakal dadi”
“iya mas kandamu pancen bener, yowes ayo mlebu
mas omahe elek kaya ngene, dimaklumi ya
mas”
“kaya ngene kok muni elek mbak, iki apik banget
mbak, isih elek omahku”
“padha wae mas”
“bapak ning ngendi ya mbak?”
“ning njero mas, pengin jejagongan oh karo
bapak?”
“iya mbak, pengin kenal”
“oohh, kosek ya mas “
“iya mbak”
Nalika rudi ngomong kaya mangkono, banjur rita
mlaku tumuju njero omah lan ngajak bapakke metu kanggo nemuni rudi”
“kanca kuliyah nang?” pitakone bapakke rita
“boten pak”
“banjur kanca apa”
“ inggih rencang biyasa kemawon pak”
“omahmu ngendi nang”
“kula lampung pak”
“walaaaahhhh adhoh banget, kok bisa tekan kene?”
“kula mondhok wonten betengan pak”
“oohhh ngono………”
“inggih pak, kok bisa kenal rita?”
“amargi rita asring langganan alat tulis wonten
ing barokah, toko ingkang wonten ing pondhok kula”
“iya pancen rita sering tuku ning kana, banjur
awakmu karo rita kuwi namung kanca apa luwih saka kanca”
“sing sakmestine kula punika tresna sanget
kaliyan rita pak, nanging rita
Kepeingin kula matur kaliyan bapak”
“matur apa?”
“matur yen kula punika bener-bener tresna marang
putrine bapak”
“yen aku ngono ora arep kepiye-kepiye, tinggal
bocahe kuwi sing nglakoni”
“inggih pak kula ugi remen kaliyan mas rudi”
jawabane rita
“yowes yen padha senenge aku ora bisa nglarang,
nanging ana syarate kanggo kowe nang”
“inggih bapak, syarat punapa nggih?”
“rita kuwi rak ya kuliyahe ana ing Basa Jawa,
dheweke uga calon guru basa jawa, yen kaya mangkono dheweke uwis mesthi kudu
urip ana ing Jawa, termasuk omah-omah ana ing jawa kene. Dadi yen awakmu
sanggup lan gelem manggon ana ing kene aku ngrestoni kekarepanmu sing apik
kuwi”
“inggih pak, kula sanggup emah-emah wonten ing
mriki”
“janji ya awakmu ora bakal nglanggar”
“inggih pak, kula janji”
“yowes yen kaya mangkono”
“inggih pak”
“aku intuk ndelok KTP lan kartu santrimu?”
“inggih pak, niki KTP lan kartu santri kula”
“iya, yowes yen awakmu ora ngapusi, pesene bapak
namung siji”
“punapa pak?”
“yen pacaran sing sehat, aja gawe lara atine
anakku, ajari sing apik-apik lan kandani yen salah. Sing penting intine anakku
kuwi kudu mbok jaga, aja mbok rusak. Ngerti?”
“inggih pak kula ngertos, saksagete kula njara
rita kanthi temen”
“Yowes yen ngano”
“terusna jejagonganmu, bapak arep lunga rapat RT”
“inggih pak”
Sakwise bapakke rita metu omah kanggo rapat RT,
rita sebenere kaget lan bingung sejatine sing dirasakkke rita akih banget
nanging asline dheweke seneng banget merga rudi wani ngakoni perasaane lan
nembung maring wong tuwane rita yen rudi kuwi seneng banget marang dheweke,
rita dhewe ora isa ngapusi sing dirasakake ning jero atine yen rita seneng karo
rudi, rita iseh binggung ora nyangka yen rudi bener-bener teko ning omah, rita
iseh ngalamun maring rudi kuwi mau
“mbak rita” rudi nyelok rita sing iseh ngalamun,
rita dhewe ora sadar yen rudi nyelok dheweke sepisan maneh rudi nyelok rita,
nanging rita iseh ora sadar, rudi nekat sitik nyenggol sikile rita kuwi mau
rita langsung kaget
“mbak
kok ngalamun”
“iya mas ora nyangka yen awakmu wani teko ning
omahku ngomong maring wong tuwaku”
“aku mung isa buktekake yen awakku pancen seneng
karo awakmu mbak”
“iya mas aku percaya karo awakmu, nanging awakmu
uwis ngerti toh mas apa sing di omongke marang wong tuwaku “
“iya mbak aku ngerti, insyaallah aku iso
ngelakoni apa sing di omongke wong tuwamu”
“aku percaya mas marang awakmu”
“mbak aku iki uwis ngomong apa anane sing tak
rasakake marang wong tuwamu yen aku tresna marang sliramu yen ngono saiki awak
dhewe mokuske hubungane dhewe”
“iya mas, awakmu ora ana acara mas ning pondok”
“ora mbak,
acarane dolan merene”
“masak nyelok aku mbak mas, rita wae tow”
“iya mbak rita sing ayu dhewe”
“kok iseh mbak mas, ora gawa mbak tow”
“iya rita”
Sangking
seriuse wong lara kuwi rita karo rudi ngobrol ora kerasa uwis jam setengah
sepuluh, rudi arep pamitan bali rita langsung melebu ning jero nyeluk wong
tuwane yen rudi arep bali, ora suwe wong tuwane rita metu saka njero kamar
“arep bali nang”
“inggih pak, sampun ndalu”
“yowis nang ati-ati aja kapok dolan merene”
“inggih pak, pangestune pamit rien pak, assalamualaikum?”
“waalaikumsalam”
Rudi sakwise pamitan rudi langsung bali ning
pondok lan nerusake aktifitase. Banjur rita melebu kamar langsung turu.
N
|
PITU
alika rita semester pitu dheweke uwis mikir
tugas-tugas sing salah sijine gawe mumet sirahe lan butuh ketlatenan yaiku
tugas sekripsi, nanging rita ora ndhuweni rasa kesel lan nyerah merga rita kepingin sukses lan ora gelem ngecewakake wong
tuwane.
Nalika nggarap skripsi dheweke lan
kanca-kanca tekan ngendi-ngendi kanggo nggolek referensi, banjur rita mlaku
tumuju perpus daerah kanggo golek-golek buku, ora sengaja dheweke weruh rudi
ning njero perpus, ora nganggo suwe maneh rita langsung mlaku tumuju rudi,
kanti suara plakkkk….!! Rudi kaget sapa sing nyampluk gegere banjur rudi ndelok
mburi jebule sing ngeplak gegere yaiku rita, dheweke seneng banget merga uwes
suwe ora ketemu rita, banjur rudi lan
rita padha jejagongan
“aku kaget dhek nalika mbok ceplek”
“mosok mas”
“ iya dhek, kok dhik rita bisa ana ing
perpus lagi golek buku apa?”
“buku-buku sing ana sesambungane karo
jawa mas, lha mas rudi golek buku apa?”
“ooo… kanggo apa dhik?, iki mas uga lagi
golek-golek buku sing ana sesambungane karo agama dhik”
“kanggo referensi skripsi mas,
krungu-krungu mas rudi ngajine arep katam ya?
“Iya dhek, mas arep katam, banjur
nglamar awakmu sakwise rampung kuliyah”
“iki
aku uga uwis arep rampung mas kuliyahe”
“Alhamdulillah dhik, muga-muga sing
dikarepke awakke dhewe kabeh kalaksanan lan lancar”
“aamiin ya mas”
“iya dhek”
“yawes mas awakmu golek buku ndisik, aku uga arep
nerusake anggonku golek buku karo kanca-kanca”
“iya dhek”
Sakwise padha jejagongan, rita lan rudi padha
golek buku dhewe-dhewe, nalika uwis padha intuk buku sing dikarepake banjur padha
bali ning omahe dhewe-dhewe. Wong lara kuwi padha seneng merga wis kepethuk
karo pepujaning ati merga wis suwe banget anggone ngempet kangen.
Nalika rita wis tekan omah dheweke kelingan
omongane rudi sing lagi bar ketemu mau, banjur rita langsung turu merga awakke
krasa sayah sakwise muter-muter golek buku, anggone turu sing tanek kuwi nggawe
dheweke ngimpi pepujaning atine yaiku rudi, dheweke ngimpi yen rudi ora
ngingkari janjine kanggo nglamar dheweke sakwise katam lan sakwise rita lulus
kuliyah.
Esuk-esuk sakdurunge mangkat kuliyah dheweke sms
rudi ngilikake kanggo mangan, nalika dienteni suwe rudi uga ora bales sms saka
dheweke, banjur rita mutusake kanggo mangkat kuliyah.
Uwis sedina rudi ora sms rita merga rudi akih
kegiatan,rita sing kangen marang rudi namung bisa ngarep-ngarep sms saka
dheweke, rita sing isih ngenteni hpne lan donga muga-muga ana sms saka rudi,
nanging nganti bengi rudi uga ora sms-sms, akhire rita ndelok tv karo ibuke lan
adeke, durung ana sepuluh menit anggone rita ndelok tv banjur hpne muni
shalawatan. Rita sing isih ndelok tv langsung mlaku tumuju hp sing ana ing
kamare. Nalika rita bukak sms jebul ora rudi. nanging, kancane rita sing
sekolah SMA biyen jenenge ina, ina kuwi kanca apik ning SMA biyen.
"assalamualaikum"
rita sing isih galau ngenteni sms rudi dheweke males arep bales smse ina. Kuwi mau namung di jawab ning batin karo rita, dhewe sing ngenteni rudi ora sms sidane rita sing sms rudi disek. Sing smse
rita sing isih galau ngenteni sms rudi dheweke males arep bales smse ina. Kuwi mau namung di jawab ning batin karo rita, dhewe sing ngenteni rudi ora sms sidane rita sing sms rudi disek. Sing smse
"mas
kok ora ana kabar,awakmu ning endi, isih ngapa?"
nanging rudi ora bales-bales smse rita amerga
rudi iseh akih kegiatan, rita ahire jengkel merga wong sing disenengi ora
menehi kabar marang dheweke. Ora suwe anggone rita sms rudi banjur rudi bales
smse rita.
"assalamualaikum,
ngapuntene dhik lagi bisa bales sms, merga mau akih kegiyatan lan ora sempet
ngabari, awakmu piye kabare? Uwis mangan durung? Iseh ngapa iki?"
rita
dhewe ora kanggo suwe langsung bales smse rudi karo guya-guyu merga seneng yen
ana sms saka rudi.
"waalaikumsalam
mas, ora papa mas penteng mas rudi sehat ora neko-neko, alhamdulillah sehat
mas, uwis mau karo lauk ayam, iki ning kamar mas, awakmu lagi ngapa mas?"
"pada,
iki lagi leyeh-leyeh, aku kangen awakmu rit"
"sing
tenan mas" rita karo guya-guyu seneng merga dheweke dikangeni
"opo
aku ketok yen guyon rit?"
"iya
mas aku percaya, mas sesok aku arep ning semarang ndelok ketoprak"
"karo
sapa? ana kancane ora?"
"ora
ana mas"
"yawis
sesok karo aku wae, aku uga ora ana
"ora
usah mas, awakmu uga kesel"
"ora
rit, aku tambah kesel yen ora ketemu awakmu"
"hmmm..
Gombal lah mas"
"kok
gombal, tenan kok"
"iya
iya mas percaya"
"ya
uwis, iki uwis bengi ayo turu"
"iya
mas"
A
|
Wolu
cara
wisuda kuliyah uwis bar, nanging rita kelingan Janjine rudi sing bakal nglamar
awakke nalika rita uwis lulus anggone kuliyah lan maneh rudi uga uwis nem wulan
rampung ngajine, saiki dheweke bali desa ana ing lampung. Kabar pungkasan sing
ditampa rita nalika rudi nelpon yen wong tuwane ora ngrestoni hubungane marang
dheweke merga rita ora entuk digawa ana ing lampung, sing dikarepake wong
tuwane rudi supaya rita gelem dijak bebrayan ana ing lampung merga rudi isih
ndhuwe adhek cilik lan umure wong tuwane uga uwis seket munggah, nanging rita
uga ora direstoni wong tuwane yen rudi ora gelem manggon ana ing jawa merga
rita kuliyah ana ing jurusan basa jawa. Rita bingung lan sedheh merga dheweke
wis kadhung seneng banget marang rudi.
Akhire
dheweke mung bisa pasrah merga saka wong tuwa padha ora ngrestoni mung gara-gara
panggonan nalika mbesuk wis bebrayan.
Telungwulan
anggone rita rampung kuliyah banjur sakwise shalat magrib ana tamu sing lagi
kethok-kethok lawang. Banjur rita metu saka kamar kanggo ndelok sapa sing lagi
kethok-kethok lawang. Ora disangka jebul rudi lan sakkluwarga sing lagi teka
saka lampung Sumatra, Dheweke kaget banget merga ora ana kabar kanggo rita yen
rudi bakal teka dina kuwi kanggo nglamar dheweke, kabeh kuwi pancen uwis
direncanakake rudi kanggo ngekei kejutan rita merga wektu kuwi rita uga lagi
ulang taun, Nanging sejatine dheweke bingung lan plenggang-plenggong merga rudi
biyen wis ngomong yen wongtuwane ora ngrestoni. Banjur rita mlebu kanggo ngekei
ngerti wong tuwane yen rudi lan sakkluwargane padha teka saka lampung Sumatra.
Ora mung rita wae sing kaget, nanging wong tuwane rita uga padha kaget merga
ora ana kesiapan apa-apa kanggo nyuguhi tamu sing dianggep istimewa. “Assalamualaikum”
ujare rudi marang wong tuwane rita.
“waalaikumsalam,
kok ora ngomong ndisik toh rud yen awakmu lan kluwargamu arep sowan mrene”
“inggih
pak, kula bandhe maringi kejutan kangge rita”
“kejutan
apa kuwi rud?”
“mekaten
bapak, kula lan kluwarga kula wonten mriki punika ingkang sepindhah badhe
silaturrahmi, ingkang kaping kalih kula lan kluwarga kula badhe nglamar dhek
rita kangge calon semah kula”
Banjur
bapak lan ibuke rudi uga melu nyauri saka omongane rudi
“leres
pak, kula minangka tiyang sepuhe rudi badhe nglamar putrine panjenengan inggih
punika ingkang nggadhahi name gendhuk rita kangge calon garwa putra kula
ingkang nggadhahi name rudi”
“Oooo….
Kaya mangkono, yen karepe bapak lan sakluwarga punika sae sanget, kula punika
ngrestoni, nanging sedaya punika ingkang badhe nglampahi rita, kula pasrahaken
kemawon kaliyan bocahe”
banjur
bapake rita nakoni rita gelem apa ora yen rudi lan sakkluwargane nakokake
dheweke kanggo bebojoan lan bangun omah-omah kanggo masadepan dheweke lan rudi.
Tanpa dhuweni rasa mamang, rita nampa lamarane rudi lan sakkluwargane merga
kabeh kuwi pancen sing diimpi-impi rita kanggo bebrayan karo rudi lan omah-omah
bareng bangun kluwarga sing paling bungah, tentrem lan ayem. Senenge rita ora
bisa diungkapke nganggo tetembungan maneh merga wong sing paling disenengi rita
lan dianti-anti akhire ora mblenjani janji merga wiwite ora direstoni marang
wong tuwa.
Suwasana
ing omahe rita kabeh padha bungah merga lamarane rudi kanggo ngarepake rita
dadi bojone uwis ditampa marang rita lan kluwargane. Banjur rong kluwarga kuwi
padha rembugan kanggo nemtokake tanggal nikahe.
Enem
wulan sakwise rembugan kanggo netepke tanggal ngresmikake hubungane rita lan
rudi, akhire dina iki uga rita lan rudi nglangsungake ijab qobul lan
ngresmikake hubungane. Ing acara sing paling gawe bungah rudi lan rita iki uga
dibarengi resepsi gedhe-gedhenan kanggo bukti lan saksi yen rudi lan rita
pasangan sing paling bungah, kanthi ijab qobul janji sing diucapke rudi karo
wong tuwane rita akhire pasangan sing kaya merpati kuwi resmi diakoni agama lan
hukum kanthi status bebojoan.
sinopsis
Rita pancen bocah sing sregep lan ora ndhuweni
rasa malesan ora gumun yen dheweke dadi bocah sing akih disenengi kancane,
dheweke uga lulus kuliyah kanthi khasil sing maksimal. Nanging nalika dheweke
kuliyah ana wong lanang sing seneng dheweke yaiku rudi. Kanggo bukti yen rudi seneng tenan marang rita dheweke
ditantang rita kanggo ngomong marang wong tuwane nanging rudi ora ndhuweni rasa
wedi merga dheweke pancen seneng tenan. Nalika rita wis lulus kuliyah banjur
rudi lan sakkluwargane nglamar rita kamangka kluwargane padha ora setuju merga
papan panggonan sing jarakke adhoh. Kanthi rasa welas merga anakke padha
senenge Akhire wong tuwane padha setuju yen rita lan rudi urip bebrayan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar